Blora, suarajateng.co.id – Kahanan Alun-alun Kabupaten Blora sing samesthine dadi “rahayu”-ne kutha lan pengiloning martabat daerah, saiki kahanane malah ngisin-isini! Alun-alun sing persis ana ing ngarep Pendopo Kantor Bupati Blora kuwi saiki katon kumuh, reged, lan semrawut kaya ora ana sing ngurus.

Sing dadi kahanan paling parah yaiku tumindake para pedagang sing ora duwe duga. Pancen bener, ora ana sing nglarang wong golek pangan utawa dodolan ing kono. Merga kabeh ya butuh madhang. Nanging, mbok ya nduwe rasa isin sithik! Sawise dodolan, lapak-lapak kuwi ora nate dirapikne, malah diculne ngono wae ngebaki sesawangan.

Masyarakat Blora wis wiwit sambat lan nggresula. “Awake dhewe ora nglarang wong golek nafkah, nanging tulung sawise dodolan kuwi dirapikne, dipindah, ojo malah ditinggal nggelar kaya rongsokan!” ujare salah siji warga sing ngrasa risi.

Yen kahanane kaya ngene terus, sapa sing bakal disepelekne? Sing mesthi ya asmane Pamerintah lan Bupati Blora. Iki dudu perkoro sepele, iki perkoro ajining dhiri. * Eling: Alun-alun kuwi dudu gudang pribadi!

Eling: Pendopo kuwi simbol kawibawane kabupaten!

Eling: Kebersihan kuwi tanggung jawabe sing nganggo panggonan!

Ayo podo eling lan waspodo. Yen pancen ngrasa dadi warga Blora sing apik, ayo bareng-bareng njaga karesikan. Ojo mung iso nggunakne panggonan tapi ora gelem ngrumat.

Ayo sesarengan ngajeni Bupati Blora kanthi njaga rahyuning kutha! Yen kuthane resik, sing nampa puji ya awake dhewe kabeh. Nanging yen kumuh kaya ngene, kabeh melu nanggung isine.

(Tim redaksi)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *